Cerpen
kertas partitur
cerkak bahasa jawa, 9 oktober 2017- Rut dhea epyravita
Bengi adem banget, kertas morat- marit ing ngisor tekel kasurku, kertas partitur, kertas swara sing wis tak gawe kabeh iki gagal, ora ana sing apik, kaya kapal pecah wae. Gitar sing gak kecekel drijiku, swara hambar ing kamarku gawe aku nangis.
5 dino malih kontes gawe lagu diadakno. aku durung nemokake 1 lagu gawenanku. gabeh gawe aku nangis.
sesok isuke aku ngrapike kabeh buku, kertas partitur kui ya tak selipke ning selipan buku paketku, ndang gage aku metu arep sekolah amarga isuk iku aku wis telat. mbek nggawa buku paket aku mblayu cepet-cepet, idep-idep wong lanang duwur nabrak aku, aku ora ngopeni, aku cepet-cepet mblayu masio wong lanang kui nyeluk aku bolak balik. setibane aku ning sekolah kabeh kertas partiturku ilang, paling amarga ciblok ndek mau. aku gelo banget, amarga sakjane kertas kui kudune ape tak kandani kancaku mben aku ngerti apa sing kudu tak apiki maneh. nanging kabeh tibak e wis kandas.
sampene mulih sekolah, ning omah. aku mung nangis lan nyesel banget. saiki pie carane aku kudu mbaleni maneh. nggolek-nggolek referensi lagu ning internet. aku njipuk laptopku. tak buka langsung, wayah tak buka aku nemu pesen email teka wong sing gak tak kenal, tak jajal buka, isine yaiku ana salahwijining gabungan-gabungan swara saka lagu-lagu sing wis tak gawe, lirik e padha, bentuk e kaya rekaman. tibak e laguku wis digawe wong sing gak tak kenal iki, lagu iki bener-bener apik banget, aku seneng lan kepingin metuki wong sing wis nggawe laguku iki.
dino sing wis tak enteni, kontes cipta lagu diadakno, aku nggawa kertas partiturku lan rekaman sing wis tak gawe teka rekaman gawenan e wong kui. kabeh wis tak kumpulna ning panitia lomba. sisan ngenteni pengumuman mbek ngopi kopi manis. aku wedi banget. wedi yen kalah maneh, amarga lomba iki duduk lomba sing tak meluni sekali tok, nanging wis bolak-balik, pengenku saiki sing terakhir aku kudu menang. hasile pengumuman dibacake. juara 3 , 2 wis di celuk, yen duduk jenengku. aku wedi banget. wayah juara 1 diceluk, tibak e ya duduk aku sing menang. nanging ora apa- apa amarga ya duduk aku sing nggawe lagu kui mau. saiki aku wis iso nerimo aku sing kaya ngene, pesimis lan ora ono semangat maneh ambek hobi ning musik, kayae iki duduk apa sing cocok gawe aku. nanging aku pengen petuk karo wong sing wis gawe laguku mau, amarga aku durung ngomong matur suwung ning wonge.
Bengine aku ngecek email, ape tak bales emaile wong kui mben aku iso petukan langsung. tibak e pas wayah tak bales, dee ya bales e cepet, gelem tak jak petukan. isuke pas dina minggu, dina libur, aku wis janji petukan ambek wong sing gak tak kenal kui. panggoke ning restoran kaya wong sugih ngono. aku lungguh ning kono mbek ngenteni. tibak e wong e wis teka, aku njumbol, kayae iki wong sing nabrak aku ndek ingi. aku mbek dee kenalan, lan tibake juga jenenge aku kaya tau roh, "Rafli" sambute dee salim karo aku, "Rafli?.." takokku. bocah iki tibak e kancaku SD, pantes aku kaya tau ngenali wong iki, dee tambah kuru, padahal mbien dee lemu, ireng kumut-kumut lan culun. nanging dee isek kenal aku, pantes dee ngiwangi laguku, saiki dee dadi musisi aransemen ning jakarta. amarga dee pinter lan jago main musik kaya bass, gitar, drum, lan sapiturute. aku seneng banget kancaku wis sukses. "awakmu gelem gak, ngewangi aku gae lirik lagu anyar iki?" takok e mbek nyodoro kertas partitur e dee ning mejo. "lhah kok kudu aku?, aku iki gaiso to mas". "wis ora apa-apa, aku kepingin awakmu sing nggawe mergo ndek ingi aku ndelok lirik gawenanmu apik lan nyentuh banget". dino kui aku seneng banget, wis aku gak kepingin pesimis maneh, aku tibak e ngerti apa sing kudu tak kerjao. tibake pengalaman sing wis tau tak alami lan kui bener-bener ngecewa o, ora kudune gawe pesimis malah kudune aku kudu semangat maneh, amarga onok sing wis direncana o gusti gawe kene kabeh apa wae iku sing terbaik.
dino lan dino wis tak lewati, wayah aku wis lulus sekolah aku saiki wis kuliah ning jurusan seni musik, kerjaan sing tak sambi nggawe lirik lagu-lagu. aku ya isih karo kancaku Rafli sampe saiki, golek kerja bareng-bareng, sampe akhire aku karo dee tibak e padha-padha senenge. matur suwun wong sing gak tak kenal tibak wis kenal sui. tekan elek kertas partiturku mbien, berkat awakmu aku bisa sukses kaya ngene.
Komentar
Posting Komentar